Ngemut-ngemut warahe kaki-ninine panginyongan, madhang nglongan turu nglongan “deneng
dados kengetan werna-werni. Cobi napa malih warahane si kaki. Kenang
supatane dhewek utawi kenang welek, werdine anak putu turun ampun gampil
ngumbar swanten, ingkang cengkah kalih batine lajeng sumpah-sumpah nyumpahi
badhanipun kiyambek.
Kaping kalihe tiyang ingkang nyepelekaken dhateng kanca bathir, napa
malih purun nampi saran. Kanca bathir wontene naaming mbedhegel, nek ugi
wiring. Umpamine tiyang ingkang nyenengi tiyang estri, napa bujang, naapa
prawan, napa sanese, pokok tiyang jaler-tiyang estri, menawi
salah-sstunggale wonten ingkang mboten cocog, nggih ampun ngina, napa malih
ngina sanget.
Mboten purun, nggih dewangsuli ngangge tembung ingkang sae, mboten
nyakiti manah. Kathahe tiyang setri, mboten cocog kepreh-kepreh. Kewetu
ucape ketingal ngina-ngina-gething. Niki tembunge ingkang wanti-wanti
depenging kaki – nini. “Nimbang de arah kae wong suka gagar murag, ora payu
ora papa”.
Kula gatosaken, kadose tiyang estri, sebab wonten tembung “darah”
(daerah). Teng Banyumas, menawi estri darah ( daerah) tiyang jaler ngarah.
Ngarah bojo ngendi maning sanikine. Emang bojone pira si !. lan malihe teng
Banyumas menawi “bojo” niku wadon. Menawi jaler niku jalere, lanange”. Kae
tulih lanange si Anu. Tembung sanese wonten, mboten kulo serat. Mangga
mriku sami degramak kiyambek.
Dados poma-wantine si kaki, anak putu turun, ampun ngantos kebrongos
ngedalaken tembung nganti gagar murag. Menawi taneman gagar murag, wite
sami pejah, mboten woe malih. Umpamine, taneman kacang ijo, kedhangsul, lan
sanese, dejorna mawon dhangu-dhangu gagar-murag.
Tiyang, waune kinyis-kinyis, ngantos kisut, mboten payu. Niku cara
kacang ijone gagar murag. Pramila gesang teng alam dunya, mangga sami
brayan sageda mboten dhamel wiring mbedhegele tiyang sanes. Niku wau
gagar-murage tiyang sir-siran utawi dhemenan.
Wonten malih tiyang ingkang mboten purun nampi saran tiyang sepuh,
utawi tiyang kaprenah sepuh, utawi malih tiyang ingkang dipun sepuhaken.
Menawi dipun sanjangi, mbalik mulang, nglancangi samukawis ingkang mboten
prayogi. Kenging mbedhegele tiyang kaprenah sepuh, namine kenang tulah.
Dados wonten kenang tulah lan kenang welek.
Selajenge kenang tulah mbotene, ugi gumantung kaliyan napa sarane. De
kengken nyolong, lajeng jawal, mboten purun
nglampahi nyolong, mengkine mboten kenang tulah. Ning nggih niku wongsal
– wangsul, mboten wonten tiyang sepuh ngundang anak putu-turun, sami dados
maling. Kudangane : anak-putu-turun, sagedo dados tiyang “kopoma” dadi wong
bejo. Kajen-keringan sesamine tiyang. Niki nten sambung rapete kalih
wewarah ingkang mungel “wong urip teles sekabehe”. Teles niku saged.
Dados tiyang gesang ngganua napa-napa saged, ningen ampun
kemlungkung. Pancene onten para pinter ingkang nggolongaken tiyang daos
sekawan golongan. Jane kaki ninine panginyongan sedaya, sami gadhah
kelewihan kiyambek-kiyambek. Emane kelewihan-kelewihan niku mboten e serat.
Dados generasi selajenge anggene ngandhangi utawi nggoseki ngelmune naming
mirengaken apalan.
Lajeng napa niku sekawan golongan tiyng :
1.
Wong
sing ngerti, uga ngerti lmona dheweke kuwe ngerti, niku nmine tiyng lim.
2.
Wong
sing ngerti, ningen ora ngerti lamona dheweke kuwe ngerti, niku naine
tiyang kesupen / kelalen.
3.
Wong
sing ngerti, uga ngerti, lamona dheweke kuwe ora ngerti, niku namine tiyang
pikun.
4.
Wong
ora ngerti, uga ora ngerti, niku namine tiyaang mencilun, tiyang terbujuk.
Wangsul teng tilarane si kaki, nggih niku supadosa tiyang ingkang
teles sekabehe. Dados tiyang napa-napa saged. Matur nuwun ...
|