ULEMAN BASA JAWA
PERNIKAHAN



Banyumas, Februari 1969

Bismillahirrohmanirrokhim ..

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Nambut Silaning Akrami

Dra.Putri Rarasanta
( Putri Bpk. Surya / Ibu Atmi, Purwokerto, Banyumas )

kaliyan

Drs. Eko Santoso
( Putra Bpk. Burhan / Ibu Sutantri, Purwokerto, Banyumas )

Dhaup Suci :

Dinten : Selasa Kliwon, Suryo Kaping : 11 Februari 1969, Wanci Tabuh : 09.30 WIB, Mapan ing Purwokerto, Banyumas

Winantu Sagunging Pakurmatan,

Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan, Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa Panjenengan, Sinartan Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat Hanggadhahi Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Putri Rarasanta Anak Kula,

Dinten : Selasa Kliwon, Suryo Kaping : 11 Februari 1969, Wanci Tabuh : 13.00 – 16.00 WIB, Mapan ing Purwokerto, Banyumas

Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging Manah Kula Sabrayat, Bilih Dhangan ing Penggalih Saha Sepen ing Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring Puja Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga Ingkang Bagya Mulya

Wasan Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwun Lubering Pangaksami Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Atur Taklim Kula,

Keluarga Bpk. Burhan / Ibu Sutantri

Keluarga Bpk. Burhan / Ibu Sutantri

Putri & Eko



UNDANGAN BAHASA JAWA


UNDANGAN BAHASA JAWA
PERNIKAHAN



Mugi Katur Panjenenganipun
Bpk./Ibu/Sdr.______________
wonten ing Purwokerto.

Bismillahirohmaanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Rinenggo sagunging pakurmatan.
Kanthi hangajab nugrahaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mbok bilih wonten dhanganing penggalih saha longgaring wekdal, kula sak kulawarga nyuwun kanthi sanget karawuhan panjenengan sekaliyan mbenjang wonten ing,

Dinten : Selasa Kliwon
Suryo Kaping :  11 Februari 1969
Wanci  Tabuh : 13:00 wekdal iring kilen
Panggenan : Griyo Kula Purwokerto
Wigatosing Atur : Walimatul Ursy

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Asih tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Purwokerto, 5 Februari 1969
Salam Taklim

ttd

Burhan Sekeluarga



ULEMAN BAHASA JAWA


ULEMAN BAHASA JAWA
PERNIKAHAN



Assalaamu’alaikum wa rahmatuLlahi wa barakaatuh

Nuwun hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sekaliyan. Mbok bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing samudayanipun, kita badhe gadhah niat ningkahaken yoga kita ingkang nami

Putri Dewi Rarasanta
( Putri Bpk. Surya / Ibu Atmi)

pikantuk

Sko Santoso
( Putra Bpk. Burhan / Ibu Sutantri, Purwokerto, Banyumas )


Ugi hangajab rawuhipun para sutresna,
hangestreni khajat nikah ingkang bade rinakit wonten ing
Purwokerto - Banyumas
Lumadi hing dinten
Jemuah Kliwon kaleres tanggal 29 Desember 2006
wekdal tabuh kaping 16.00 WIB.
Mbok menawi panjenengan sekaliyan dhangan ing penggalih sarta mboten wonten alangan saktunggal punapa, kita aturi anyekseni lan angrawuhi kajat lan niat kita kasebat ing nginggil punika. Awit saking rawuhipun para sutresna, keparenga kita nelakaken gunging panuwun.

Cekap semanten atur serat ulem punika.
Tuhu langgeng trisno.

Akad nikah rinakit wonten ing dinten lan papan sami, jam 09.00 WIB



LISTEN MUSIC ON BLINK COM


LISTEN FREE MUSIC ON BLINK COM





The best sites mp3 searchengine