UNDANGAN WALIMATULKHITAN



CONTOH SURAT UNDANGAN WALIMATULKHITAN
BAHASA JAWA


PENGAOSAN TASYAKURAN WALIMATULKHITAN
KELUARGI BAPAK FULANIS – IBU FULANIS
Mapan Ing Purwokerto RT. 03 RW. XI Banyumas




Undangan

Mugi Katur Panjenenganipun
: Bpk./Ibu/Sdr. ....................................

: Wonten Ing Palenggahan



Assalamu’alaikum. Wr. Wb.

Rinenggo sagunging pakurmatan.
Kanthi hangajab nugrahing Gusti Ingkang Maha Agung, kula sak kluarga hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken pengaosan tasyakuran tuwin pawiwahan supitan yoga kulo ingkang nami, Miftahuddin.
Mbok bilih wonten dhanganing penggalih saha longgaring wekdal, kula sak kluwarga nyuwun kanthi sanget rawuh panjenengan mbenjang ing :

Dinten
: Rebo Pon
Suryo Kaping
: 26 September 2012
Wanci
: Tabuh 20.00 wekdal iring kilen – sak bibaripun
Panggenan
: Griyo Kulo Bapak Fulanis RT. 03 RW. XI
Wigatosing Atur
: Pengaosan Dening Bapak ..........................

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Asih tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.

Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.




Purwokerto, 26 September 2012




Nderek ngajeng-ngajeng

H. Abdullah Muttaqin
Sunarso, S.Ag

Atur Taklim Kawulo


Salim Ridlo





0 Comments:

Post a Comment