GOSEK SASTERA BANYUNMASAN


GOSEK SASTERA BANYUMASAN
Aja Nganti Kenang Supatane Dhewek
Dalam Bahasa Asli Banyumas




Ngemut-ngemut warahe kaki-ninine panginyongan,  madhang nglongan turu nglongan “deneng dados kengetan werna-werni. Cobi napa malih warahane si kaki. Kenang supatane dhewek utawi kenang welek, werdine anak putu turun ampun gampil ngumbar swanten, ingkang cengkah kalih batine lajeng sumpah-sumpah nyumpahi badhanipun kiyambek.

Kaping kalihe tiyang ingkang nyepelekaken dhateng kanca bathir, napa malih purun nampi saran. Kanca bathir wontene naaming mbedhegel, nek ugi wiring. Umpamine tiyang ingkang nyenengi tiyang estri, napa bujang, naapa prawan, napa sanese, pokok tiyang jaler-tiyang estri, menawi salah-sstunggale wonten ingkang mboten cocog, nggih ampun ngina, napa malih ngina sanget.

Mboten purun, nggih dewangsuli ngangge tembung ingkang sae, mboten nyakiti manah. Kathahe tiyang setri, mboten cocog kepreh-kepreh. Kewetu ucape ketingal ngina-ngina-gething. Niki tembunge ingkang wanti-wanti depenging kaki – nini. “Nimbang de arah kae wong suka gagar murag, ora payu ora papa”.

Kula gatosaken, kadose tiyang estri, sebab wonten tembung “darah” (daerah). Teng Banyumas, menawi estri darah ( daerah) tiyang jaler ngarah. Ngarah bojo ngendi maning sanikine. Emang bojone pira si !. lan malihe teng Banyumas menawi “bojo” niku wadon. Menawi jaler niku jalere, lanange”. Kae tulih lanange si Anu. Tembung sanese wonten, mboten kulo serat. Mangga mriku sami degramak kiyambek.

Dados poma-wantine si kaki, anak putu turun, ampun ngantos kebrongos ngedalaken tembung nganti gagar murag. Menawi taneman gagar murag, wite sami pejah, mboten woe malih. Umpamine, taneman kacang ijo, kedhangsul, lan sanese, dejorna mawon dhangu-dhangu gagar-murag.

Tiyang, waune kinyis-kinyis, ngantos kisut, mboten payu. Niku cara kacang ijone gagar murag. Pramila gesang teng alam dunya, mangga sami brayan sageda mboten dhamel wiring mbedhegele tiyang sanes. Niku wau gagar-murage tiyang sir-siran utawi dhemenan.

Wonten malih tiyang ingkang mboten purun nampi saran tiyang sepuh, utawi tiyang kaprenah sepuh, utawi malih tiyang ingkang dipun sepuhaken. Menawi dipun sanjangi, mbalik mulang, nglancangi samukawis ingkang mboten prayogi. Kenging mbedhegele tiyang kaprenah sepuh, namine kenang tulah. Dados wonten kenang tulah lan kenang welek.

Selajenge kenang tulah mbotene, ugi gumantung kaliyan napa sarane. De kengken nyolong, lajeng jawal, mboten purun  nglampahi nyolong, mengkine mboten kenang tulah. Ning nggih niku wongsal – wangsul, mboten wonten tiyang sepuh ngundang anak putu-turun, sami dados maling. Kudangane : anak-putu-turun, sagedo dados tiyang “kopoma” dadi wong bejo. Kajen-keringan sesamine tiyang. Niki nten sambung rapete kalih wewarah ingkang mungel “wong urip teles sekabehe”. Teles niku saged.

Dados tiyang gesang ngganua napa-napa saged, ningen ampun kemlungkung. Pancene onten para pinter ingkang nggolongaken tiyang daos sekawan golongan. Jane kaki ninine panginyongan sedaya, sami gadhah kelewihan kiyambek-kiyambek. Emane kelewihan-kelewihan niku mboten e serat. Dados generasi selajenge anggene ngandhangi utawi nggoseki ngelmune naming mirengaken apalan.

Lajeng napa niku sekawan golongan tiyng :

1.       Wong sing ngerti, uga ngerti lmona dheweke kuwe ngerti, niku nmine tiyng lim.
2.       Wong sing ngerti, ningen ora ngerti lamona dheweke kuwe ngerti, niku naine tiyang kesupen / kelalen.
3.       Wong sing ngerti, uga ngerti, lamona dheweke kuwe ora ngerti, niku namine tiyang pikun.
4.       Wong ora ngerti, uga ora ngerti, niku namine tiyaang mencilun, tiyang terbujuk.

Wangsul teng tilarane si kaki, nggih niku supadosa tiyang ingkang teles sekabehe. Dados tiyang napa-napa saged. Matur nuwun ...






ARTIKEL BUDAYA LOKAL
BY : DARKAM ANOM SOEGITO
DALAM MAJALAH ANCAS NOMOR 33 TAHUN 2013
Melestarikan Bahasa Banyumasan


0 Comments:

Post a Comment