CONTOH ULEMAN BASA JAWA PERNIKAHAN


ULEMAN BASA JAWA
PERNIKAHAN



Banyumas, Februari 1969

Bismillahirrohmanirrokhim ..

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Nambut Silaning Akrami

Dra.Putri Rarasanta
( Putri Bpk. Surya / Ibu Atmi, Purwokerto, Banyumas )

kaliyan

Drs. Eko Santoso
( Putra Bpk. Burhan / Ibu Sutantri, Purwokerto, Banyumas )

Dhaup Suci :

Dinten : Selasa Kliwon, Suryo Kaping : 11 Februari 1969, Wanci Tabuh : 09.30 WIB, Mapan ing Purwokerto, Banyumas

Winantu Sagunging Pakurmatan,

Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan, Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa Panjenengan, Sinartan Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat Hanggadhahi Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Putri Rarasanta Anak Kula,

Dinten : Selasa Kliwon, Suryo Kaping : 11 Februari 1969, Wanci Tabuh : 13.00 – 16.00 WIB, Mapan ing Purwokerto, Banyumas

Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging Manah Kula Sabrayat, Bilih Dhangan ing Penggalih Saha Sepen ing Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring Puja Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga Ingkang Bagya Mulya

Wasan Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwun Lubering Pangaksami Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Atur Taklim Kula,

Keluarga Bpk. Burhan / Ibu Sutantri

Keluarga Bpk. Burhan / Ibu Sutantri

Putri & Eko



0 Comments:

Post a Comment